Lirik: Verse1: Wang sinawang urip ning alam padhang Kabeh katone endah cemerlang Kencono katon wingko Wingko katon kencono Kajobo wong kang biso ngudo roso
Ngonceki sejatine urip iki Ngerteni sangkan paraning dumadi Manembah dhateng Gusti Welas asih mring sesami Nyawiji dadi manungsa sejati
Reff: Jembarno atimu Jembarno pikiranmu Sak jembar jembare jagat royo Cilikno piwalesmu Sing gedhe pangapuramu Dadio satrio kang utomo
Coda1: Lewat dalan kang padhang Sangu urip ing bebrayan Waskito sarto kebak kamulyan
Verse2:
Wang sinawang urip ning alam donya Kabeh katone endah sampurna Ora kabeh kang katon netro Iku bisa den percaya Kajobo siro biso ngolah roso
Ngonceki sejatine urip iki Ngerteni Sangkan paraning dumadi Manembah dhateng Gusti Welas asih mring sesami Nyawiji dadi manungsa sejati
Reff:
Jembarno atimu Jembarno pikiranmu Sak jembar jembare jagat royo Cilikno piwalesmu Sing gedhe pangapuramu Dadio satrio kang utomo
Coda2:
Lewat dalan kang padhang Sangu urip ing bebrayan Waskito sarto kebak kamulyan
Manunggal kawulo Gusti Welas asih mring sesami Nyawiji dadi menungsa sejati
0 Comments